Majalah Bahasa Jawa "Jayabaya" - Edisi 32/April 2009

H.M. Yousri Nur Raja Agam

ORA STRES... 

SENAJAN GAGAL KAPING LIMO

 

H.M. Yousri Nur Raja Agam, wartawan senior Surabaya kang uga kader Partai Golkar iki ora kapok nyaleg senajan wis tau nyoba kaping lima nanging gagal terus. Saiki nyalonake maneh sing kaping enem kanggo pemilihan DPRD Surabaya. Isih optimis bakal dadi?
 

Bang Yousri, ngono undang-undangane, jroning minggu-minggu iki ibut kampanye mlebu-metu kampung, pasar, cangkruk karo nom-noman. Dheweke sengaja nekani warga saka omah siji menyang omah liyane kanggo golek simpati supaya mengko dicontreng ing Pemilu 9 April 2009. Priya kelairan Bengkalis, Riau, 20 Oktober 1950 kuwi anggone kampanye ora adol bagus pasang gambare sak dalan-dalan. Kamangka saiki usume para caleg adol bagus lan ayu kanthi pasang gambare ing pinggir dalan-dalan sing strategis, sing ngetokake ragad akeh. Nanging Bang Yusri cukup teka menyang omahe warga lan menehi sosialisasi Pemilu karo ngedum kartu nama sing ana fotone dheweke.
 
Yousri wiwit nyalonake dadi anggota DPR ing pemilihan 1987-1992, 1992-1997, 1997-1999 (periode iki pilihan kaping pindho), 2004-2009, lan sing pungkasan 2009-2014.
  
Sakliyane teka menyang omahe warga, dheweke uga kampanye liwat cara sing modern yakuwi liwat internet kanthi mbukak akun Facebook. Garwane Ibu Ismarini iki gampang srawung lan grapyak menyang sapa wae. Senajan isih keturunan bangsawan suku Sikumbang, Kabupaten Agam, Sumatra Barat, ning bisa maneka werna basa dhaerah. 
 
Uripe kerep pindhah-pindhah. Nalika isih bocah nganti remaja manggon ing Bukittinggi, banjur kuliah ing Akademi Tekstil, Bandung. Sing paling suwe urip ing Surabaya, tau kuliah ing Insitut Ilmu Hukum & Pengacara, lan Sekolah Tinggi Ilmu Hukum Surabaya. Mula ngepasi kampanye, yen nekani wong Medura dheweke nganggo basa Medura, yen nekani wong Jawa nganggo basa Jawa. Dheweke bisa basa Jawa ngoko lan krama inggil. Kanggo mamerake kepinterane basa Jawa, priya sing ngrintis profesine dadi wartawan nalika isih kuliah ing Bandung kuwi saben riyaya yen ngirim SMS menehi ucapan Idul Fitri migunakake Basa Jawa alus mlipis marang wartawan JB. 
 
Ing Pemilu 2009 iki bapak sing kagungan putra lan putri telu kuwi melu nyaleg kang kaping enem. Iki prestasi kang ora baen-baen. Tlaten, tabah, sabar, sing patut entuk acungan jempol. Sebab senajan wis gagal kaping lima ning salah sijine pengurus Persatuan Wartawan Indonesia Jawa Timur kuwi ora mutung. Dheweke tetep setya lan ora oncat saka partaine, Golkar. Kamangka umume para kader partai yen kalah banjur ngalih menyang partai liyane golek kalungguhan sing luwih kepenak lan calon dadi. 
 
Apa sing ndadekake priya nggantheng kuwi tetep setya marang Golkar? “Iki ana ikatan sejarahe. Sebab ulang taunku kuwi ditutake lan dienut dening Partai Golkar sing padha-padha lair tanggal 20 Oktober. Geneya kok Golkar sing ngenut ulang taunku? Sebab laire dhisik aku, dadi aku luwih tuwa tinimbang umure Golkar,” ngono wangsulane priya sing saiki njabat Wakil Ketua DPD Partai Golkar Surabaya kuwi marang JB karo ngguyu.
 
Sakliyane kuwi ana alasan liya sing marakake atine kecanthol marang Golkar, yakuwi ibune tau dadi anggota DPRD ing Bukittinggi saka Partai Golkar. Ibune asma Hj. Nurmanis binti Zakaria, dene ramane H. Akhmad Jamirus Bastemar Datuk Rajo Labih.
 
Ing donyaning jurnalistik, Bang Yousri kerep entuk prestasi. Sakliyane kerep menang lomba karya jurnalistik, uga kerep dadi pengurus PWI, konsultan media, lan saiki mbukak koran elektronik aran Radar Pemilu. Uga kerep nindakake tugas menyang dhaerah-dhaerah lan menyang jaban negara.
 
Yousri klebu wong sabrang sing duwe kawigaten gedhe marang kutha Surabaya. Dheweke nulis buku sejarah Surabaya lan tokoh-tokoh Surabaya. Ing bebrayan wartawan, ramane Rima Yulia Natazza, SH, M. Yudithira Saputra, lan M. Yudha Israputra kuwi priya sing bisa srawung karo sapa wae, karo sing enom, sing tuwa, lan sing sabarakan. Nanging ya ngono, yen entuk SMS saka Bang Yousri marakake ati trataban. Sebab biasane SMS sing dikirim wara-wara yen ana kanca wartawan sing lara utawa tilar donya.
 
“Nek entuk SMS teka Yousri mesthi kabar sing ora nyenengake. Nek gak ngandhani ana kanca sing lara ya ana kanca sing tilar donya. Nek mbukak SMS saka dheweke atiku mesthi dheg-dhegan, sapa iki sing kesusahan. Ning aku salut marang dheweke, sebab nek dudu dheweke sapa maneh sing gelem wara-wara? Iki ya pegaweyan sing mulya,” ngono komentare wartawan senior Arifin Perdhana nalika jagongan ing Humas Pemkot Surabaya.
 
Yen gagal maneh njur piye Bang? “Ya gak masalah,” kandhane entheng.

(Endang Irowati)